Perangan-perangane layang

Jawaban:

Perangan-perangan layang ☞

  1. Satata basa => alamat kang dituju.
  2. Adangiyah => ucapan puja/puji.
  3. Purwaka => salam pembuka.
  4. Surasa basa => isine layang.
  5. Wasana basa => salam penutup.
  6. Titi mangsa => tanggal/wektu penulisane layang.
  7. Peprenah => nama pengirim layang.
  8. Tapak asma => tanda tangan pengirim layang.
  9. Asma terang => nama lengkap pengirim layang.

 

Penjelasan :

Layang

Layang yaiku dasanamane surat ing bahasa jawa. Layang digunakake kanggo nginformasikaken kang pengen disampaikna pengirim marang kang nerima. Isine sakarepe pengirim lan kebutuhane pengirim. Layang ditulis ing kertas lan dilebokake amplop uga diwenehi perangko banjur dikirimaken marang penerima, lewat kantor pos. Nanging ing jaman saiki utawa jaman modern, layang bisa dikirim lewat internet lan mboten mbutuhaken perantara kantor pos. Yen nulis layang iku kudu merhatikake penulisan jeneng pengirim lan alamat uga kode pos supaya layang bisa gutul marang penerimane lan ora salah kirim.

Bentuk-bentuke layang

Layang nduweni werna-werna bentuk miturut fungsi lan isine kang ana 6, yaiku :

 Layang Kitir (memo), yaiku layang kang isine ringkes ora merlukake perangan layang utawa struktur layang, dadi namung isine mawon. Layang kitir fungsine kanggo pangeling-eling lan biasane kasebut memo.

 Layang Paturan, yaiku layang kang isine kabar/informasi lan kudu dimangerti wong akeh.

 Layang Dhawuh, yaiku layang kang biasane dinggo dening atasan kanggo bawahane utawa pangkat kang lewih dhuwur marang pangkat sangisore.

 Layang Iberiber, yaiku layang kang ditujukake marang wong siji utawa kasebut layang pribadi.

 Layang Ulem, yaiku layang kang isine undangan acara, kayata acara sunatan, mantenan, lan sapiturute.

 Layang Lelayu, yaiku layang kang isine menwhi kabar duka utawa kabar sedane wong.

Perangan-perangan Layang

Perangan layang uga biasane diarani struktur layang utawa bagian-bagian layang. Perangan layang wonten 9, diantarane yaiku :

1. Satata Basa (alamat surat) : yaiku alamat kang dituju anggone ngirim layang utawa alamat penerimane layang.

2. Adangiyah (ucapan puja/puji) : yaiku tembung ucapan puja/puji syukur marang Gusti.

  • Tuladha : Winantu ing bagya mulya, lan sapiturute.

3. Purwaka (salam pembuka) : yaiku kalimat kang nginformasikaken kabar keslametan pengirim layang marang penerimane lan pangarep-arep kang nerima layang ugi slamet waras.

  • Tuladha : Kanthi surat menika, kula ingkang putra (..........) ngaturi kabar bilih kula teng mriki sehat nanging mboten saged wangsul amarga teksih akeh kegiatan. Nanging, kula tansah dedonga mugi-mugi sakeluwarga teng griya pikantuk slamet waras ugi.

4. Surasa basa (isine layang) : inti saking layang arupa isine layang ngenani informasi apa kang arep diwenehna marang penerimane layang.

5. Wasana basa (salam penutup) : kalimat penutup ing pungkasane layang.

  • Tuladha : Cekap semanten ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten sae, kula nyuwun pangapunten.

6. Titi mangsa (tanggal/wektu penulisane layang) : yaiku tanggal kapan layang kui digawe.

7. Peprenah (nama pengirime layang) : hubungane pengirim kaliyan penerima surat utawa asale pengirim layang iku saka sapa.

  • Tuladha : Kanca Kuliah, Kanca Sekolah, Adhimu saka paran, lan sapiturute.

8. Tapak asma (tanda tangan pengirim layang).

9. Asma terang (nama lengkap pengirim layang) : yaiku nama lengkape kang nggawe layang.

Bagikan Jawaban

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *